Morfologi Cerita Rakyat Rara Mendut lan Pranacitra



CERITA RAKYAT DAERAH PATI

Rara Mendut lan Pranacitra
Cerita Rara Mendut lan Pranacitra wis kawentar ing masyarakat Pati. Rara Mendut kuwi yaiku putrine Ki Ragawangsa ing wilayah Kadipaten Pesantenan nalika kuwasane Adipati Jayakusuma. Rara Mendut kuwi bocah kang ayu lan becik solah bawane. Amarga rupa kang ayu lan budhine kang luhur kuwi, akeh jaka sing kepincut lan kepengin ndadekake Rara Mendut dadi bojone. Ananging Rara Mendut mesti ora gelem, amarga dheweke ora seneng karo jaka-jaka kuwi.
Ing sawijining dina, Ki Ragawangwa katekan dayoh yaiku Ki Ageng Jiwanala. Ki Ageng Jiwanala yaiku kancane nalika dadi punggawa Kadipaten. Dheweke dolan amarga wis suwe ora tau ketemu, lan pengin weruh Rara Mendut kang wis kawentar ayune. Ki Ageng Jiwanala nggawa anake kang jenenge Raden Kumuda. Raden Kumuda kuwi bocah kang bagus lan luhur budhine, mesti wae Rara Mendut uga kepincut karo Raden Kumuda. Cekak aos, amarga padha senenge Rara Mendut banjur omah-omah karo Raden Kumuda. Ananging ing sawijining dina, Rara Mendut digawa mlayu karo pemuda lorosaka Mandura kang isih ponakan saka Raden Penjaringan. Wong kuwi yaiku Raden Kuda Santeran lan Raden Kuda Panolih. Wong loro kuwi nduweni wataka kang ora becik, anggak lan srakah. Kabeh kekarepane kudu dituruti amarga isih sedulure penggedhe kraton. Wong-wong ora ana sing wani karo wong loro kuwi, nanging Raden Kumuda ora wedi malah arep nggoleki wong loro kuwi amarga bojone digawa mlayu. Raden Kumuda kasil nggudhag Raden Kuda Santeran lan Raden Kuda Panolih kang ndelik ing desa Randukuning. Pungkasane wong loro kuwi padha mati dening Raden Kumuda. Mayite banjur dikubur ing Desa Godi.


Download File Lengkapnya Di sini

0 komentar:

Posting Komentar